Selasa, 09 Agustus 2016

Sarung

             


           Saka kulon katon sawijining pawongan sing satemene uga dakenteni tekane wong dhek sore wis dakwelingke simboke.
            “Kene, Dar!”,alokku mbagekake karo bali mapan lungguh maneh.
“Enggih, Pak Guru. Matur Nuwun!”
Kadar, nom-noman sing lagi teka kuwi nuli mapan lungguh ing kursi. Awake sing gethot dhempal mung dibuntel kaos singlet methethet, memerake lengene sing kebak otot lan direnggani tato. Sisih kiwa mawa gambar endhas macan dene sing tengen digambari naga. Ora mung kuwi sing nyebabake blegere katon serem. Rambut sing dawane ngranggeh pundhak esuk kuwi mung diore, ora ditaleni karet gelang kaya biyasane.
“Terose Emak, Pak Guru nimbali kula?”,pitakone tanpa basa-basi.
“He’eh. Anu, Dar, awkmu apa gelem upama takwenehi hadhiyah sarung? Isih  anyar gres, kok, durung mambu menungsa!”
“Ha inggih mesthi purun, ta, Pak. Wong diparingi”, wangsulane bocah tukang mendhem kuwi kanthi praupan tanpa ekspresi. Anyep.
“Aku melu bungah, lho, weruh awakmu wiwit gelem saba mesjid”
“Njenengan kok ngertos, sing sanjang sinten?”
“Ra eneng sing ngandhani, wong nalika traweh mau bengi aku manggon persis neng mburimu”
“Napa mergi kula ngangge clana niku, lajeng njenengan sukani sarung? Pak Guru mesthi nginten nek kula boten gadhah sarung. Napa ngonten?”
“Lha awakmu duwe apa ora?”, aku males takon.
“Gadhah, nanging nggih niku, namung setunggil. Gantung kepuh. Ndilalah wingi siyang niku diompoli ponaan kula. Dados wau dalu kepeksa clanan”
Kadar mungkasi olehe guneman. Aku mikir sedhela, nuli “
“Kejaba sarungmu mung siji, kiraku awakmu uga ora duwe kethu, wong saben kepethuk nalika kendhuren sirahmu ajeg gundhulan. Mengko bae bubar asar mreneya maneh taktambahi kopyah”
“Nanging rambut kula kados ngeten niki, napa kenging dikupluki?”
“Kuwi perkara gampang. Luwih dhisik rambutmu talenana karet gelang diekor kudha terus ditekuk munggah. Sawise kuwi lagi dinggoni kpyah”
“O...kados Sule sing teng OVJ nika?”,panyaute karo ngguyu.
“He’eh, ya kaya ngana kae. Mathuk ta?”
“Ha enggih empun, nek ngonten. Sakniki kula tak manthuk riyin. Ajeng ngrencangi Bapak, ngarit!”, ucape karo nampani sarung saka tanganku.
Nom-noman sing ana ing desa kondhang ndhugale kuwi mungkur tanpa ngaturake panuwun babar pisan. Kosok balen karo Kang Paidi mau kang bola-bali atur panuwun lan pamitan. Ora dadi apa, wong pancen bocah kempra kaya ngono, ora ngerti suba sita. Sing gawe gumunkum saiki kok wis gelem ngrewangi ngarit barang. Mangka saweruhku dheweke kuwi mung tukang kluyuran karo kanca-kanca sabarakane. Embuh wis kaping pira olehe gawe kisruh lingkungan. Saka ma lima, kiraku kok kabeh wis dilakoni.
Nalika aku bali mlebu ngomah, sisihanku njedhul saka lawang butulan.
“Kae mau kok kaya swarane Kadar?”
“Iya. Wong olehku meling wingi supaya mrene esuk, dadi mesthi kepethuke”
“Sarunge wis sida diparingke?”
“Uwis. Malah mengko sore takkongkon mrene maneh arep taktambahi kupluk”
“Kang Paidi barang....?”
“Ora, wong kethune Kang Paidi isih apik. Kadar rak pancen ra duwe!”
Wayah sorene aku lagi nyirami kembang ngiras “ngabuburit” jare sedulur Sundha, Kadar sida teka nuhoni janjine dhek esuk. Kaya sing kadadeyan esuk mau, dheweke uga banjur ngunclug mulih sawise nampani kpyah, tanpa ngucap matur nuwun babar pisan.
“Mangke dalu nek teng mesjid kula damele!”, ya mung ukara kuwi sing kawetu saka lambene sing uireng kakehan ngemut rokok.
Wektu sholat Isyak isih rada suwe nalika aku munggah tlundhag masjid. Maune aku ngira yen tekaku mesthi dhisik dhewe jalaran jamaah liyane mesthi lagi ketungkul olehe nutugake buka sing durung rampung jalaran kesusu melu sholat Magrib neng masjid.
Nanging pangiraku jebul mlesed. Saka kadohan katon ana wong lanang lungguh sila ijen tanpa rowang persis ana ing ngarep mihrab.
“Assalamu’alaikum!”
Pawongan mau noleh karo mangsuli salamku. Kaget, gawok, gumun, campur karo rasa bungah bareng weruh sapa dheweke. Kadar ! Nom-noman sing ing desa kondhang olehe bedigasan lan tukang ngisruh kuwi polatane katon seje ora kaya biyasane. Bengi kuwi kok olehe ketara resik sumringah, malah saka panyawangku katon sumunar gilar-gilar senajan kulite sing soklat nyedhaki ireng ora kena didhelikake. Epek-epekku sing kumlawe ngajak salaman enggal disaut lan masya Allaaahhh...,nganggo diambung nganti suwe.

Panjebar Semangat No 37 11 September 2011

Maling

           

           Nalika sepedha motor sing ilang iku durung ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose njlamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sas-sus yen sing nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora susah nanggapi kabar angin sing durung karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokake.    
            “Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta?” pitakonku mantebake.  
            “Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono,”wangsulane tegas.
            “Wiwit cilik Gendhon iku bocah nurut. Aku pancen sing ndhidhik mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen dijupuk kuwi dhuwitku utawa dhuwite embokne?”
            “Yen pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?”
            “Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mung kepengin nerangake nyang wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti”.
            “Apa kabeh tangga-tangga sikape mangkono?”
            “Mesthi wae ora,” ujare sambi mesem.
            “Malah mung sawetara wae, yaiku wong-wong sing gething karo aku. Meri marang keberhasilanku.”
            Yen ana tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.
            Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngiro Pak Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.
            Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirake. Sing penting mulih bisa nggawa dhuwit. Dhuwit sing halal, ucape nambah.
            Awit katone Pak Gendhon tansah sumanak, tansah seneng yen dak ajak gegojegan, mula terus dak oyak pitakonku, apa sejatine sing dadi panggaotane yen dhong lagi lunga kae.
            “Walah, kok bingung. Kutha mbutuhake tenaga sak pole. Kepengin nyambut gawe apa wae janji gelem, ditanggung mulih nggawa dhuwit,” wangsulane karo ngguyu nggleges. “Mosok sampeyan iki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha.” Lan aku uga melu ngguyu.
            Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gandheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku apa pagaweyane, mula amrih ora gawe gela atine, aku ngrungokake gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bisa dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah sik-sok nganti rong minggu barang.
            Dene Gendhon dhewe, nadyan aku wis meh limang taun dadi tanggane, durung tau sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakne, Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.
            Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakne, dak kira disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbokmenawa yen urip ing kutha ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa bisa wae digethingi wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani kendhuri. Nate bab iku dak takokake, wangsulane jare dheweke lan Gendhon kerep lungane. Nanging dak waspadakake, nalika ana ngomah uga ora gelem nekani bebrayane desa.
            Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.
            Kawusan pocapan-pocapan mau mbledhos nalika pit motore Pak Harso, uga salah sijine warga desaku, ilang wektu diparkir ing latar ing wayah bengi.
            Saka ketua pemudha, aku antuk undangan supaya nekani rapat Karang Taruna. Kaya adat saben, rapat sesasi sepisan iki ditibakake malem Minggu. Pamrihe cetha, ora ngganggu sinaune sing padha sekolah lan sing mondhok ana kutha biasane padha mulih.
            Padarane aku mesthi merlokake nekani rapat. Ana sawetara wong sing wis ora mudha maneh kaya aku iki diarep-arep tekane saperlu dijaluki eguh pratikel.
            Eman, rapat pisan iku aku kepeksa ora bisa nekani. Aku sakulawarga kudu nekani mantenane adhiku. Malah dina Jum’at mengko wis kudu mangkat lan paling cepet dina Senin lagi bali. Ngapurane wae, sing duwe gawe wong tuwaku dhewe, apa maneh wis suwe banget rasane aku ora tau mulih niliki.
            Nalika mulih saka mantenan adhiku, aku oleh pelapurane ketua pemudha, yen asile rapat malem Minggu dhek mben, ing antarane, para pemudha nganakake rondha malam. Para pemudha pancen giyat, bengine wis keprungu swarane kenthongan ditabuh mubeng desa.
            Nalika wis pirang-pirang mbengiklakon dianakake rondha kliling, ing sawijining awan nalika aku lagi mulih saka kantor, Pak Gendhon merlokake teka menyang ngomahku. Dheweke takon, apa amarga pit montore Pak Harso ilang. Nalika aku durung kober mangsuli, dheweke wis otakn maneh, apa dhek rapat Karang Tarun kae jenenge lan jenenge anake dikatut-katutake. Aku mung ngguyu karo wangsulan ora ngerti, awit aku dhewe ora nekani rapate.
            “Mung wae,” sambungku,”manut kabar, rapat duwe kesimpulan sementara, yen kasus-kasus kemalingan ing desane dhewe iku pelakune padha.”
            “Ah, ya ora mesthine,” wangsulanku cekak.
            Wiwit aku arang weuh Pak Gendhon lan anake. Mung sok-sok yen aku dhong liwat ngarep omahe, Mbok Gendhon katon nyapu ing latare kang jembar.
            Ing sawijining awan nalika aku lagi mulih, bojoku gita-gita aweh kabar yen sing maling pit montore Pak Harso wis ketemu. Aku jan-jane kurang greget ngrungokake kabar kuwi upama bojoku ora njelasake yen sing maling jebule Gendhon.
            “Watara jam 09.00 mau Gendhon digawa pulisi,”ujare bojoku karo nuru-nuru sapihane,” dikecrek ditumpakake montor kijang.”
            Nganti ing sore candhake, Pak Gendhon sing dak kira isin banget kuwi malah nggoleki aku. Sawise unjal ambegan lan gedheg-gedheg, dheweke omong :” Aku yakin iki dudu karepe Gendhon dhewe. Dheweke wis dadi korban akibat pergaulan sing ora bener. Dak kira kanca-kancane iku ya bocah apik-apik wae. Ora nggertiya yen kaya ngene dadine.”
            Sawise ngomong akeh-akeh, lan aku mung ngiyani utawa manthuk-manthuk, Pak Gendhon nyambung maneh gunemane: “ Ning aku yakin yen Gendhon mung maling sepedha montore Pak Harso kuwi thok. Liya-liyane sing maling mesthi wong liya.”
            Katone apa ing dikandhakake Pak Gendhon kuwi ana benere. Wis sawetara suwene Gendhon ndhekem ing njeron kunjaran, nyatane ing desaku isih ana wae sing kemalingan.
            Embuh wis pirang sasi Gendhon diukum. Ing sawijining sore Pak Gendhon kandha yen telung dina maneh Gendhon bakal metu saka ukuman lan aku bakal dijak mapag. Kanthi mangkono, jarene, aku bisa luwih cedhak meruhi sikap lan sipate anake. Sapa ngerti anggepanku bisa malih sawise nyumurupi dhewe saka cedhak. Sebab, nganti saprene Pak Gendhon isih durung percaya yen Gendhon song maling pite Pak Harso. Nyatane sawise Gendhon ditangkep, isih panggah ana sing kemalingan.
            Nalika aku kandha kapeksa ora bisa amarga pas dina kuwi ana kepentingan dinas kantor, Pak Gendhon katon gela. Nanging praupane rada padhang maneh samangsa dak kandhakake, bisa wae Gendhon dadi korban fitnah.
            “Pak Gendhon bisa mulihake jenenge Gendhon yen malinge sing asli wis kecekel,”wangsulane ngeyem-ngeyemi.
            “Bener. Bakal dak cekel dhewe malinge. Arep dak buktekake yen anakku dudu maling.”
            Pas dina bebase saka kunjara, Gendhon ora langsung njujug ngomah. Pak Gendhon nggawa anake tumuju marang tempuran, yaiku tempukan ilining kali loro. Manut ila-ila rereged kunjaran bisa ilang samangsa wis didusi ing kali tempuran mau.
            Sawise uwal saka pakunjaran, pranyata sipate Gendhon malik grembyang. Dheweke dadi pemuda kang aktif, gelem melu kegiatan rondha malam barang, sawetara iku sing jeneng kemalingan isih terus kedadeyan. Mula akeh sing nggrahita, gek-gek maling pite Pak Harso kae dudu Gendhon.
            Aku dhewe kaya kena pengaruh omongane Pak Gendhon sing tau kandha, yen mbok menawa aku ora tega nudhuh Gendhon malinge samangsa wis meruhi dhewe tabiate saka cedhakan. Nyatane, saliyane ramah Gendhon nduweni sopan santun kang cukup. Atine becik lan pinter srawung, mung emane, sawise dak waspadakake kanthi tliti, Gendhon rada mindheran. Nanging bisa wae bab iku jalaran saka pendhidhikane kang cendhek, lan sing genah, rumangsa asor awit tau diukum.
            Pangalembanaku marang Gendhon lan Bapakke, umure ora suwe. Ing sawijining wenig keprungu rame-rame padha nyekel maling. Pak Gendhon sing dak arep-arep mandhegani nggebugi malinge, tetela malah dadi sasaran gebugane pendhudhuk. Aku sing maune kepingin nyedhak meruhi kaya ngapa rupane malinge, sakala bali klepat bareng krungu yen malinge jebul Pak Gendhon dhewe.
            Jebul kabeh mau mung sandhiwarane Pak Gendhon, karepe nutupi culikane anake. Nalika Gendhon dikunjara, Pak Gendhon nggerilya dadi maling dhewe, ben diarani sing malingi barang-barange pendhudhuk dudu anake.

Panjebar Semangat – 47 / 2006

Selasa, 02 Agustus 2016

Mantan Demonstran

                                                   ppijkt.wordpress.com

             “Aku ora sida melu kok Mas Krepo!”kandhane kanca-kancane buruh pabrik cilik esuk iku nalika wis padha nglumpuk ing ngarep warung wetan gapura.
            Sejatine pabrik lagi bukak jam wolu, nanging esuk iku pancen wis padha kangsen teka luwih gasik lan banjur arep bebarengan nekani dhemo buruh.
            “Wah, semelekethe kabeh,” wuwuse Krepo rada sengol jalaran kancane kang dikangseni siji bae ora ana kang melu mangkat. “Kamangka dhemo dina iki tujuwane merjuwangke bayare wong-wong kaya awake dhewe iki supaya bisa mundhak.”
            Kabeh ora ana kang kekandhan. Siji bae ora ana kang mingset saka anggone lungguh ing jok motore. Karo nyawang Krepo kang ngecengake tali sirah saka kain werna putih ditulisi cet abang mbranang.
            “Tenan iki, ora ana kang melu mangkat?” pitakone Krepo gagah karo ngeslah montore. “Merdeka!”
            “Merdeka!” kancane kabeh tetep ora mingset saka sedhel montore nalika Krepo kanthi gagah ninggalake ngarep plataran pabrik kang durung bukak esuk iku.
            “Asline aku wedi menawa dipecat. Terus anak-bojoku dakpakani apa? Hayo?” saungkure Krepo kanca-kancane wiwit ngetokake panguneg-unege.
            “Eii, ora bisa! Awake dhewe iki sejatine ora bisa dipecat mung karana melu dhemonstrasi, jalaran kabeh iku wis dijamin dening aturan,” tumanggape buruh liyane. “Undhang-undhang menjamin buruh untuk berserikat. Nha, dhemonstrasi iku salah sijining bentuk dari berserikat mau.”
            “Bener omongmu. Sok mengkonowa bisa wae pabrik anggone mecat ora nganggo alasan melu dhemo, nanging merga awake dhewe mbolos anggone kerja.”
            Kanyatane Krepo ora dipecat. Mbok menawa jalaran Krepo klebu pengurus organisasi serikat buruh sing pancen tukang dhemo. Sing duwe pabrik wedi mecat sanajan Krepo kerep mbolos nyambut gawe. Sumelang pabrike mlebu ing berita televisi kang tundhone dadi dredah lan mesthi wae njalari pabrike entuk cap minangka ‘pabrik anti dhemokrasi’ kang wusane ora entuk ‘buyer’ langganan saka njaban rangkah.
            Wektu iki wis ora jeneng wadi menawa televisi, koran, internet, lan bisa uga radio, duwe kaya kekuwatan linuwih kanggo nemtokake laku panguripaning masyarakat ing babagan ekonomi, politik, sosial, lan uga budaya. Ora sethithik pabrik ambruk jalaran diwartakake anggone mbayar karyawane nyalahi aturan. Ora sethithik pawongan kang dadakan sugih jalaran dikabarake ing internet lan televisi, ora sethithik pawongan dadakan dhuwur drajate marga saking kerep anggone ndobos ana ing koran lan televisi.
            Nanging uga ora sethithik pawongan kang anjlog pangkate, mudhun drajat martabate, ambruk pabrike, rusak nalare marga anane televisi, koran, radio, lan internet. Cethane kaya saweneh senjata naggala, tumbak nyenyep loro, ana kalane kena kanggo nggeret munggah kang lagi ana ngisor, nanging wektu liya uga bisa kanggo ngganthol kang lagi methangkring ing ndhuwur.
            “Media itu akan selalu berpihak kepada orang-orang seperti kita, Mas Krepo,” kandhane sawenehe pengurus ‘organisasi buruh tukang dhemo’ marang Krepo sawijining wektu nalika kekarone lagi ngrancang ‘dhemonstrasi akbar’.
            “Tivi lan koran kuwi seneng martakake kekurangane negara, terus wong-wong kaya awake dhewe iki seneng nyacad negara. Klop!”
            “Kamangka yen awake dhewe wis direwangi tivi lan koran, sapa maneh kang wani? Rak ya ngono ta mbak Yanti?” kandhane Krepo karo nglapurake anggone kasil golek dana kanggo ragad ‘dhemonstrasi akbar’ minggu ngarep.
“Mas Krepo becike mugen anggone ngurus nasibe kanca-kanca wae. Karepku, kepriye menawa Mas Krepo metu saka pabrik wae, banjur mugen ngurusi kanca-kanca,” rembuge Yanti nalika semana.
            Krepo isih kelingan nalika dheweke metu saka anggone dadi buruh pabrik lan banjur mligi ngurusi dhemo. Jebul oleh-olehane malah luwih gedhe tinimbang blanjane buruh pabrik, semono uga Yanti lan kanca-kanca liyane kang dadi pengurus ‘organisasi buruh tukang dhemo’. Ora ngerti kepriye carane ngedum dhuwit saka donatur dhemo, kang cetha uripe Krepo dadi luwih ngglenter sawise dadi pengurus dhemo buruh.
            “Dhemostran buruh iku ora kudu dadi buruh, Bu.” Kandhane Krepo marang bojone wektu iku.
            “Lha mengko yen wis ora ana dhemo terus anak bojomu kok pakani apa?”wangsulane bojone.
            “Ing negara penuh kebebasan kaya negarane dhewe iku, dhemonstrasi mesthi kudu ana. Iku wis syarate negara dhemokrasi. Dhemo lagi ora ana menawa buruh-buruh iku wis padha dadi pejabat!”
            “Lha yen kabeh dadi direktur, dadi pejabat, banjur sapa kang dadi buruh lan dadi pegawe cilik?”
            Nalar apa ora, nanging Krepo ora wangsulan. Kang cetha, saben dina Krepo wis ora mangkat nyambut gawe menyang pabrik. Gaweyan kang pokok tumprape Krepo yaiku golek donatur, penyandhang dana, ing papan ngendi bae. Mesthi wae gaweyan iki gaweyan kang wadi banget, mula senajan Krepo klebu pengurus organisasi dheweke ora nate diwartakake ing koran, ora diwawancarai televisi. Beda karo Yanti kang dadi koordinator lapangan (korlap), kang ngatur lan tanggung jawab nalika dhemo, saben wektu mlebu layar televisi lan jenenge ditulis ing koran. Yanti dadi selebritis dadakan.
            Prasasat wong ing kutha iki ora ana kang ora tepung marang Yanti Si Perempuan Pejuang Kaum Buruh, saweneh gelar kang ngedab-edabi banget. Kosok baline ora ana kang tepung marang Krepo Si Pencari Dana. Kabeh iki jalaran anane televisi, radio, koran, lan internet, kang mblithuk lan mblingerake utege kang ngrungu lang kang maca. Mesthi bae kabeh iki dudu lupute koran, internet, lan televisi kang nggiyarake, nanging merga saking gobloge kang nonton, kang maca, lan kang ngrungokake, kang gampang banget kapilut. Eloking kahanan, kang nonton lan keblithuk, kang krungu lan keblinger, kang nulis lan ora ngerti, dianggep klumpukane suwara warga masyarakat lan uga dianggep klumpukane suwarane warga masyarakat kang sinebut people power, kekuwatan rakyat.
            Mula, senajanta Krepo rumangsa aneh nalika krungu Yanti disengkakake ngaluhur dadi punggawaning pamarentah, kabeh pawongan lan kanca-kancane Krepo siji bae ora ana kang ngarani menawa warta iku aneh. Bisa bae Yanti disengkakake ngaluhur dadi punggawa pamarentah karana pancen diangkah supaya ora bakal ana dhemo maneh jalaran tukange dhemo wis dadi wong pamarentah.
            “Lunga ya lunga, nanging mbok aja dadi punggawa pamarentah,” Krepo gumreneng nyaruwe lungane Yanti. “Yen kaya ngene banjur sapa maneh kang percaya marang ‘organisasi buruh tukang dhemo’?”
            Krepo kaya wong tiba kebrukan andha, organisasine bubar isih ketambahan dikuya-kuya liya lan dianggep pengkhianat perjuangan.
            “Coba, yen kaya mangkene banjur priye, Pak?” kandhane bojone nalika ngerteni Krepo ora bisa pindhah menyang organisasi buruh liyane jalaran organisasine dhewe wis kadhung entuk cap kadidene organisasi kang mirong banjur mbalik melu pamarentah. Tansaya cilaka jalaran Krepo dianggap mata pita.
            “Pak, perjuwangan idealis iku ora ana. Saiki ora usah merjuwangke idealisme semu. Kawitane pancen bengak-bengok ‘kita perjuangkan idealisme kita’, nanging yen diwenehi gula banjur ngerti legine gula, sapa sing gelem nglepeh?”kandhane bojone Krepo kang biyene pancen lulusan universitas, dene Krepo mung lulus sekolah kejuruan lan mogol kuliyag merga ketungkul anggone seneng dhemo.
            “Saiki becike kowe nggolekana mbak Yanti. Yen bisa ya njaluka gulane sethithik, melu ngrasakake legine. Kepepete dadi tukang sapu ya ora dadi ngapa, waton bisa nyekolahake anak,”pamrayogane sing wadon.
            Sidane Krepo manut. Motore diedol, pamrihe bisa dienggo sangu menyang kutha raja nggoleki kantore Yanti, kancane dhemo biyen. Mbokmenawa Yanti eling nalika lara lapa biyen, lan banjur menehi pagaweyan marang dheweke, sukur-sukur pagaweyan kang murwat.
            Nanging kang jeneng gegambaran mono pancen luwih endah tinimbang kanyatan. Lagi arep mlebu kantore Yanti wae, Krepo wis ditulak dening satpam regol.
            “Kula menika rencangipun Ibu Yanti!” Krepa ngrerepa.
            “Betul, Bapak. Tetapi bertemu Ibu, tidak semudah itu. Harus dijadwalkan lebih dahulu. Njenengan saking kantor pundi, lan pundi surat tugas saking kantor?” kandhane Satpam mau pancen bener lan pener, nanging nglarakake ati.
            Dina kaloro, Krepo njarag teka ing ngarep kantor luwih esuk maneh, ing karep mengko Yanti, bakal meruhi dheweke lan banjur nyeluk.
            “Satpam iku bakal kisinan. Pawongan sing wingi daktulak jebul pancen kancane Bu Yanti? Hahaha...”pamikire Krepo mesam-mesem.
            Nanging gegambaran pancen luwih endah saka kanyatan. Krepo meruhi Yanti mudhun saka mobil ing ngarep kantor lan banjur mlebu tanpa mengo maneh. Mbokmenawa Yanti wis ora meruhi satpam kang mbukakake lawang mobil, apa maneh marang Krepo kang njogrog ing regol gedhong.
            Dina katelu, Krepo teka luwih esuk lan diniyati mulih tekan sore. Mbokmenawa saka njeron mobil Yanti meruhi wong kuru kang lungguh njogrog ing ngarep regol. Nanging gegambaran pancen luwih endah saka kanyatan, wong ing njero mobil sedhan iku wis ora meruhi kahanan ing njaban mobil.
            Dina kepapat, kelima, Krepo tetep lungguh ing ngarep regol, kalungan dluwang ditulisi ‘mantan demonstran’. Mbokmenawa ana mantan demonstran liya kang saiki dadi punggawa pamarentah banjur migatekake dheweke. Nanging gegambaran pancen luwih endah tinimbang kanyatan. Sedhan liwat regol, kang ana njerone sajak wis ora meruhi kedadeyan kang ana njaban mobil maneh.
            Dina kanem, Krepo isih lungguh ing papan iku. Dina kapitu, isih ana papan iku. Dina kawolu, kesanga, lan sateruse, Krepo isih ana ing papan iku. Sandhangane wiwit letheg, kalung dluwang uga tansaya ireng. Dina sabanjure, Krepo isih lungguh ing papan iku.
            Dina kang ora ngerti maneh, ana bocah-bocah sekolah kang liwat ing ngarep gedhong kantor iku. Sajake ana kang cingak.
            “Biyen nalika aku liwat kene, patung iki durung ana lho...” kandhane sawenehe bocah sekolah mau karo nyedhaki lan ngiling-ilingi Krepo kang wis arupa ireng atos.
            “He.. ana tulisane: mantan demonstran!” sing liya maca dluwang kang gumantung ing dhadhane Krepo kang saiki wis dadi watu.
Panjebar Semangat No.38 22 Septembet 2012